Terbaru

6/recent/ticker-posts

Materi Bahasa Jawa Kelas 6.

TEMBANG

Tembang iku kalebu golongane basa kang pinathok, kaiket ing wewaton werna-warna, yaiku :
 Cacahing gatra saben sapada
 Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra
 Guru wilangan yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra

Tembang jawa iku limrahe kapilah dadi 3 golongan, yaiku :

 Tembang macapat

Bapak Pucung rupamu saengga gunung = 12u
Tan ana kang tresna = 6a
Saben uwong mesthi sengit = 8i
Yen kanggonan den elus-lus tinangisan = 12a

 Tembang tengahan
Tembang tengahan iku satemene uga tembang macapat nanging wis ora kasuwur.

Tuladha :
1. Jurudemung (7 gatra) 3. Balabak (6 gatra)
2. Wirangrong (6 gatra) 4. Girisa (8 gatra)

 Tembang gedhe
Tembang gedhe ing jaman saiki iku satemene niru tembang gedhe kuna kang diarani kakawin, yaiku satemene ing wewaton :

KASUSASTRAAN

1. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku runtute swara sing ngarep lan sing buri. (saka tembung : purwa = wiwitan, ngarep ; kanthi = karo)

Purwakanthi ana telung warna :
• Purwakanthi swara : yaiku purwakanthi kang wewaton rujukipun swara.
Kayata : desa mawa cara. Negara mawa tata
Ana dina ana sega
Ana awan ana pangan

• Purwakanthi sastra : Yaiku prwakanthi kang wewaton rujuking sastra ( aksara)

kayata : tata titi tatas tetes
sluman slumun slamet
ketula-tula katali

• Purwakanthi lumaksita : yaiku purwakanhi kang wewaton runtute tembung pungkasane gatra karo tembung cedhake.

Kayata : bayem arda, ardaning wong sanagara
Urip iku ora angel, angele ginawa dhewe
Sing ala bakal ketara, ketarane neng solah bawa

2. Panyandra lan Panyendhu

Panyandra yaiku unen-unen kang gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kaanan kadhapur pepindhan.

Tuladha :
Alise nanggal sepisan irunge ngundhup mlathi
Drijine mucuk eri pakulitane ngulit langsep

Panyendhu yaiku unen-unen kang gumathok ora ngemu surasa pepindhan. Kanggo nelakake rasa ora seneng ing ati babagan awak, solah bawa.
Tuladha :
Bathuke nonong irunge pesek
Mripate kero rambute gimbal

3. Parikan
Yaiku unen-unen cacahe rong gatra. Gatra kapisan minangka parikane, dene gatra kang kapindho minangka isine. Guru lagu ing pungkasane gatra pocape padha. Dene aturane utawa syarat-syarate gawe parikan yaiku saben gatra dipedhot 4-4, 4-8, 8-8.

Tuladha :
4 wanda + 4 wanda x2
Waajik klethik. gula jawa
Luwih becik, sing prasaja

4 wanda + 8 wanda x2
Kembabg menur, tinandur pinggiring sumur
Subur makmur, tuwuh kang sarwa tinandur

8 wanda + 8 wanda x2
Omah gendheng saponana, nata watu jejer sanga
Abot ebtheng lakonana, golek ilmu nganti purna

4. Cangriman
Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dubatang karepe. Cangkriman ana telung golongan :

a. Cangriman kang awujud tembung wancahan (cekakan)
 Pak bo letus = tepak kebo lelene satus
 Le mau ndut, yu mae rong = lele omahe lendut, yuyu omahe rong

b. Cangriman kang awujud pepindhan
 Sega sakepel dirubung laler = salak
 Pitik walik saba kebon = nanas

c. Cangriman kang ngemu surasa plesedan.
 Wong adol pitik disrimpungi = sing disrimpungi iku pitike, dudu wonge.
 Wong adol krambil dikepruki = sing dikepruki iku krambile, dudu wonge.

Posting Komentar

0 Komentar