Terbaru

6/recent/ticker-posts

Materi SSD Kelas VI: Tembang Macapat

Macapat kang tujuane kanggo mulang para kawula cilik, mbutuhake tembung-tembung kang jelas Ian bisa ditampa karo sing ngrungokake. Mula macapat iku anggone nembangake diutamakake cakepan utawa sastrane tinimbang lagune, iki diarani "lagu winengku ing sastra". Malah ing paugeran wis ditemtokake yen anggone nglagokake macapat iku ora kena "wewiledan", tegese saben sawanda utawa sa-suku kata ora kena punjul saka 3 titilaras.
Yen saben nembang Macapat, ngerti tegese saben cakepan kang diucapake tundhone bakal bisa ngrasakake apa kang lagi ditembangake Ian bakal dimangerteni isi wulangan kang kamot ing sajroning Macapat mau dening kabeh kang ngrungokake. Yen ngerti tegese cakepan Macapat uga bakal ngerti marang wataking tembang iku mau. Wondene wataking tembang Macapat iku padha karo cacahing Macapat, yaiku:
Nglangut, ngarep-arep
Renyah, seneng, lincah
Semanak
Susan, nelangsa (amarga durung katekan sedyane)
Sereng, brangasan, kenceng
Rumaket
Susah (amarga trenyuh)
Edi, endah Ian wibawa
Lila legawa, ikhlas
Susah banget (amarga ditinggal mati)
Sembrana parikena
1.   Mijil
2.   Sinom
3.   Kinanthi,
4.    Maskumambang
5.   Durma
6.   Gambuh
7.   Asmaradana
8.   Dhandhanggula
9.   Pangkur
10. Megatruh 11.Pocung
Tembang Macapat iku ditulis kanthi basa Jawa campur Kawi Ian cakrike geguritan,

Posting Komentar

0 Komentar